Powered By Blogger

Minggu, 17 Maret 2013

Contoh teks mc istighosah


MC ISTIGHOSAH

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil ‘alamin, wasolatu wa salamu ‘ala asrofil ambiya’I wa mursalin, wa ‘ala alihi wa sohbihi ajmain… amma ba’du...

Hadrotul mukarom…

  >Ingkang kawulo hormati, dumateng Abah Ky. Imam Muslim Muhyiddin soho Ibu Nyai selaku pengasuh majlis Ta’lim Fathul Ulum.
   >Ingkang kawulo hormati, dumateng poro Bapak-Ibu wali santri majlis Ta’lim Fathul Ulum. Lan mboten kesupen dumateng rencang-rencang santri majlis Ta’lim Fathul Ulum.

Monggo kito sareng-sareng mujiataken puji syukur kehadirat Allah SWT. Biqoulina Alhamdulillahi robbil ‘alamin… deneng menopo kito sedoyo saget magempal ing meniko majlis kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugio tansah kaunjuk dumateng jujungan kito nabi Muhammad Rasulullah SAW. Biqoulina Allahumma sholi’ala sayidina Muhammad… ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafa’atipun min yaumil hadza ila yaumil qiyamah… amin, amin ya robbal’alamin…

Poro rawuh ingkang minulyo…

Keparing matur bileh wonten ing mriki kaulo kajibah minangkani pranoto acoro awit gegayutan wekdal sak antawis dalu, pramilo kulo atas nami pranoto acoro badhe maosaken adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.

  >Adiacoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembikaan.
  >Dumawah adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan arwah.
  >Selajengipun adiacoro ingkang ongko ketigo inggih puniko istighosah ingkang dipun pimpin dumateng Abah Ky. Imam Muslim Muhyiddin.

Menikolah reroncening adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko. Pramilo monggo kito bikak sesarengan adiacoro ingkang ongko setunggal kanthi waosan surat Al-Fatihah, ingkang harapan mugi-mugi adiacoro ingkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten alangan setunggal punopo. Al-Fatihah

Adiacoro ingkang ongko kalih inggih puniko pemahosan arwah ingkang langsung badhe kawulo wahos piyambak inggih puniko:

·       >Kaping setunggal kito tuju’aken dumateng junjungan kito nabi Agung Muhammad    SAW. Lumeberipun dumateng…
·       >…(arwah-arwah).
·        >Ingkang terakhir inggih puniko arwah saking poro arwah sedoyo ingkang dereng kasebat.

Adiacoro ingkang selajengipun inggih puniko pemahosan istighosah ingkang langsung dipun pimpin dumateng Abah Ky. Imam Muslim Muhyiddin. Kulo atas nami pranoto acoro mbok bileh wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trep silaning kaulo nyuwun agungipun samudro pangapsami. Semanten atur kawulo menawi lepat nyuwun ngapuro. Ihdinassirotol mustaqim…

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Semoga bermanfaat & maaf bila banyak kekeliruan dalam penulisannya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar